Tampilkan postingan dengan label Ala Galtim. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Ala Galtim. Tampilkan semua postingan

Night With Boled

Kayong unggal wengi mangan boled godog kadang ya dibenem karo nginum wedang jahe, remian, mbloak ngalor ngidul. Enak, ora usah gengsi luih sehat karo panganan 'cepat saji' sing ning mol-mol.
---------------
Majalengka


--Djenar Abunetti--
sitidjenar@gmail.com
Sent using a Sony Ericsson mobile phone
Baca selengkapnya »

Tamba Kangen

Sajege teka wis telung dina kie kerja kecipak-kecipik, blekak-blekuk margane udan terus, saliane atis ya tepak sikil nganti mengkirut kaya kulit jeruk, prithat prithut. Toli ya wis telung dina kie reang ora ngeblog, rasane kangen pengin nulis tapi bingung pan nulis apa sebabe pikiran junun mikiri pegawean, pesbukan ge rasane ya sungkan, ora betah. Saiki reang lagi nyambet gawe ning Telaga Bestari, Balaraja kota sakulone Jakarta. Kerjane karo Pi'in, Sopan lan lia-liane, {angger disebut kabeh ya ngko bloge nyong penuh ding arane wong Galuh Timur} melu mandor Kholiq.

Talaga Bestari, Balaraja.
--Djenar Abunetti--
Sent using a Sony Ericsson mobile phone

Baca selengkapnya »

Ndas Wedus

Foto lagi mbakar ndas wedus ning buri umahe mang ganda, acara kawinane Jumaroh karo Ragil.


Di rumah, Galuh Timur.
--Djenar Abunetti--
Sent using a Sony Ericsson mobile phone

Baca selengkapnya »

Nyilih Buku

-Wis rong dina kie nyong nyilih bukune Ahong, muadzin langgar iring wetan umahe nyong tapi ora tau mlebu, kur liwat thok.
--Buku kie ya apik nggo nambah wawasane wong Islam toli nambah yakin angger Muhammad SAW kue bener-bener nabi terakhir.

+Sudah dua hari ini saya meminjam bukunya Ahong, muadzin mushola sebelah timue rumah saya tapi saya tidak pernah masuk, paling hanya lewat.

++Buku ini bagus untuk menambah wawasannya orang Islam, menambah keyakinan bahwa Nabi muhammad itu benar-benar nabi terakhir.

Di rumah, Galuh Timur.
--Djenar Abunetti--
Sent using a Sony Ericsson mobile phone
Baca selengkapnya »

Nggolet iwak

Ledina wingi inyong melu bocah-bocah pada nggolet iwak ning kali belang karo kali welingi.[kemarin lusa saya ikut anak-anak mencari ikan di sungai belang dan sungai welingi.]

Bocah-bocah kwe ana Roki'in, Tejo, Jaka, Prabu, Topo, karo Santo....pada nyetrum iwak,setrumane nyewa ning tardi...inyong anu ora biasa dolan kali ya balik sore lara ngawak,pegel kabeh wis sore temen iwake di goreng ora keduman,,,payah.

Kali belang, Galuh timur

--Djenar Abunetti--

Sent using a Sony Ericsson mobile phone

Baca selengkapnya »

Rebung

Dina kie ema met bung (rebung) atawa pring enom nggo di dol luih ya nggo mangan.sekilo mateng Rp.3000,- (di godok,di rawun tok di jamin bebas pengawet,pewarna lan lia-liane).tapi ya ora tau akeh,paling-paling akehe adol 8kg,lumayan kena nggo becer.arane wong tani ning galuh timur ya kur cukup nggo mangan.ngarang sugih ya nggarong bae...xixixi.

Ora kabeh bung kue enak di pangan,sing enak kue bung pring ampel,pring kasap karo pring petung.bunge empuk toli ora pait.


Di rumah, Galuh timur.

--Djenar Abunetti--

Sent using a Sony Ericsson mobile phone

Baca selengkapnya »

Ngobong Bata

Wengi saptu waktu kue (sanga desember rongewu sawelas) nyong dolan njog umahe tejo,mbayar utang pulsa terus dolanan gim (game) balap.ora sue si tejo ngejak ngrewangi ngobong bata mantune man kodir ning kebon pring.kurang luih setengah jam tumpenge teka,hmmm...wong galuh timur pancen sregep syukuran.apa-apa syukuran aja maning ngobong bata utang motor ge syukurang (utange kue sing ora 'kongang',kongang sih apa donge?)


--Djenar Abunetti--
Sent using a Sony Ericsson mobile phone

Baca selengkapnya »

Kuli Karo Blogger

Kaya kiye ndean Obrolane kuli gaptek karo kuli blogger:
''Lagi ora betah angen-angene kosong,rasane bingung kaya wong ntas ngising ora cewok.pan ngobrol,ngobrol karo sapa? Batir-batir pada lembur'
'bisane ora lembur yon?' 'lah sungkan,dadi gelis gelis kesel gelis balik,lagi pengin sue ning jakarta' 'bisane yon?'
'ngenteni wong galuh timur pada kelalen' 'kelalen apa?'
'ya wingi nyong geger pan kawin,tapi ora sida' 'lha geneng ora sida? Kue keprimen ceritane yon?
'lah wis mana kerja,wis jam pitu,nyong pan ngeblog'
'ngeblog sih apa yon? Nggeblog-nggeblogna ndas?
'ndasmu sing sing tek geblogna? Meneh.. Maneng wong madan gaul,aja ngertine pacul thok'
'lha nyongta ora sekola,ya ora ngerti blog kue apa'
'kader nyong sekola? Ngeblogta ora kudu sekola,sing penting bisa nulis'
'lha tapi kan kudu due komputer,laptop atawa hape sing saregane bandot papat'
'jere sapa?
Kie nyong ngeblog nggo hape sing rongatus ewu perak,nggo tuku udud saminggu ge ntek'
'lah sing bener,sokan mbloak enteta'
'ora ngandel temen,dolanan internet kue ora kudu srawa larang,ora kudu wong kantoran,kuli bangunan ge bisa ari karepta,aja gumunanlah..' 'ya-ya..kapan-kapan di waraih yah? Inyong pengin ngetop kaya ente sumpah'
'ya kapan-kapan yah,wis mana kuli disit'

--Djenar Abunetti--
Sent using a Sony Ericsson mobile phone
Baca selengkapnya »

Ndopok

Cerita nyong lagi esih nom atawa bujang tanggung,ya umur 16an taun ndean.tempat kue mung brug atawa jembatan kali belang.ning kono kwe panggonane bocah tanggung sing lagi baleg2e ya bangor2e..[penyanane dewek soten],ya palingan mung blajar udud,nyolong dawegan,mbengkok ayam,.pokoke 'mrusa' nongkrong2 ora jelas [pengangguran mengkonon,pan kerja durung wayah,pan sekola ya ora due modal]..

Angot pisan angger wulan puasa,ning kene unggal sore rame,bocahan lanang wadon..ngumpul.jereta ngenteni wayah buka,padahalta ya sadurunge mangkat ge wis madang..trus ning kono ya paling andon udud karo dolanan mercon nggolet perhatian ['caper' istilah jaman semono]..

Nesìh kojah wulan puasa keh,angger esuk2 bar kuliah subuh ya pada bae lanang wadon pating klayab ngalor ngidul ngetung bantalan gili sepur..mbuh anu apa.[angger di pikir saiki soten] bengenyenta ya betah bae rasane,padahalta ora due duit..petitha petithi tok,gagahan men..rumasane wong paling gagah jere dewek..hehe.
Baca selengkapnya »

Kenger

*sore-sore mbari ngenyoh bodin bakar, lawuh endas peda*

Lagi mangsan udan kaya kiye, pan ngendi-ngendi ya sungkan..apa maning mangkat kuli ning Jakarta..tangi turu ge bedug terus ngenteni panas..apa dasare sungkanan? Udan nggo alesan..hehe
Alhamdulillah..rong dina kie nyong di jak kuli ngunjal watu sing ane man Misbah anjog kali balong..jereta kali balong pan di bangun penampungan banyu..kie malah kosih kenger..'ra bisa lingak linguk'..ah nasib,..kerja kantoran ora bisa..kerja kasar meher..

*nyruput teh sepet,madan seret kie*

Baca selengkapnya »

Mbuh

*tangi turu* 

Pikiran lagi runyek kaya pisidi ruag..'nggrandet' ora karuan..bah..jan ora betah men..pan apa apa bingung..pikiran kosong,pan gawe acara,acara apa...huh puyeng..'bete' jere bocah saikita..nganggur bosen men..apa mbojo maning be ya? Kira ana kegiatan? Halah kegiatan ning amben? Repot angger mbojo kur kira ana kegiatan amben tok tah..repot..hehe..kudu di benerna kue niat..trus apa kie ya kira pikiran ora nggrandet..?
Sedela maning taun baru rongewu sawelas..kupingta wis ruing sing kana kene nggasaki...tek rasa rasa ya ora enak urip dewekan..kadang ya krasa iri karo batir batir sing wis pada sugih..ya due anak trutama..sing jelas due kluargalah..
Ah mbuh..pusing..
Baca selengkapnya »

Mbloak

Cerita nyong lagi esih nom atawa bujang tanggung,ya umur 16an taun ndean.tempat kue mung brug atawa jembatan kali belang.ning kono kwe panggonane bocah tanggung sing lagi baleg2e ya bangor2e..[penyanane dewek soten],ya palingan mung blajar udud,nyolong dawegan,mbengkok ayam,.pokoke 'mrusa' nongkrong2 ora jelas [pengangguran mengkonon,pan kerja durung wayah,pan sekola ya ora due modal]..

Angot pisan angger wulan puasa,ning kene unggal sore rame,bocahan lanang wadon..ngumpul.jereta ngenteni wayah buka,padahalta ya sadurunge mangkat ge wis madang..trus ning kono ya paling andon udud karo dolanan mercon nggolet perhatian ['caper' istilah jaman semono]..

Nesìh kojah wulan puasa keh,angger esuk2 bar kuliah subuh ya pada bae lanang wadon pating klayab ngalor ngidul ngetung bantalan gili sepur..mbuh anu apa.[angger di pikir saiki soten] bengenyenta ya betah bae rasane,padahalta ora due duit..petitha petithi tok,gagahan men..rumasane wong paling gagah jere dewek..hehe.
Baca selengkapnya »

Terbang Kencerku

...Dug-dug bleng..dug-dug beleng..suara terbang kencer krungu wengi kie,aban-abane sing sabrang kulon...dadi kemutan lagi cilik bengenyen sunatan di tanggapna terbang kencer sing waktu semono di pingpin kaji hamsi..

Sayang...terbang kencer kue langka sing nerusna..[ama budaya sendiri koq gengsi?] padahalta kue budaya asli galuh timur,..warisan leluhur..sing isine pesen ngejak maring kebecikan [pesan moral]..bocah ala mengko ya senenge notoki bedug inggris, ana punk, underground, metalik klinik, edge, noise, trash, grunge, hard core, grind core lan lia-liane...sing pada bae gendoakane toli ora jelas tujuane..

Ya karuan,aneta pada bae seni jere..ya seni sih seni,kuduneta ya di deleng,di pikir kira-kira akeh becike apa alane..lan manpaate kanggo awake dewek..sing akeh ya padu melu-melu,awak di gambari ora nggenah..jerene 'aja ndeleng wong sing penampilane'..ya aneta bener,mung ning desata durung bisa nrima,soale durung wayahe..anu kaya kue di anggep maju..korban kemajuanta nden iya..angger maen musike bisa entresta ya kena di aran maju..anu kur melu melu jere kreatip..kweta arane mbajak ora keiyaha..hasil pikirane wong lia..
Baca selengkapnya »

Watek Enem

Dina kie kayong sejen bae rasane,posting ning blog wordpress ping pirang balen ora mlebu-mlebu.cklak-cklik nganti jempol cingkreng,di utak di athik ya ajeg bae.dadi penasaran apane sing salah age-age pengin ngarti.naun-naun ngeblog nembe nemu kasus kaya kiye.apa bloge nyong wis ora olih di apdet maning ya? Donge ari wis ora olih ya ngomong,ora papa ikih nyongge ma'lumi anu numpang.mbok wis wayaeh di kon lunga.


Heran nemen nyong,geneng bloge nyong sing ning blogspot ora primen-primen pan di buka nggo browser apa bae ge ora nana bedane,mbuh nggo komputer mbuh nggo hape ya ajeg bae kepenak.[di buka ning genthong ge kena ndean,hehe]
Baca selengkapnya »

Aja Begadang

[mbari mripis udud]

Asem..!! Wis jam 02:35 durung bisa turu,matane seger pikiran dadi mambrah2 ora nggenah.mulak-malik,njempling..tetep bae ora ngantuk2.weteng ya wis tek jejeli mi goreng rong wadah.mbokan sih latan ngantuk,malah pengin ndeleng tipi,udud,miskoli wong,nggleteni nomer cewe ora bener.wira wiri ana pesbuk patang akun,durung tuitere..lah wis pokoke ora nggenah..ngentekna pulsa ya duit.wong urip turu ge butuh modal apa maning melek.bener bae gusti alloh nei wengi nggo istirahat.kie nembe akibat ora bisa turu pirang jam tok [angger patokane jam 9 atawa jam 10 biasane wis turu,berati wis telat pirang jam?].angot pisan angger akibate wong kurang istirahat atawa turu nganti ndina wengi luih akeh akibate..salah sijine emosian,aliase ora kontrol,jengkelan.ning awak ya garing,alum.mulane kaji rhoma irama sing doyan mbojo nembang begadang aja begadang ari ora ana artine..

[liren ngetike,lagi kedhak-kedhik.kaya wong murug uler serit] 




[lanjut maning,mbari nyruput wedang adem].

jan anuneta ora nana sing pan di kandakena,wong nyong anu lagi ora bisa turu.sengaja nyong gawe blog nggo ari kaya kiye,nggo numplekna rasan2 mbuh sìng betah mbuh sing ora.yongan nyongta ora kepengin kaya wong2 sing ari ora bisa turu iseng2e ngintipi wong turu,wengi2 kenthang-kenthong manggul anda..[jan angen2e wong galuh timur ana ana bae,tau numbuki sapisan].






[dangdan lilinan sarung disit]

.kalahan adan awal kie mata kayong malah ngambani meleke,ngko dong subuh wis kelayah turu....dong tangi jam 7an ya mumet,..luruh butuh ya sungkan.





[mujung]..

lah tek merem2na bae kie mata,..wislah ari kojah,samene bae.
Baca selengkapnya »

Ngenteni Balbalan

[Mbari nyruput teh anget karo ngenyoh bodin godog]

Bar nonton bal-balan paraguay nglawan 'la puria roja' spanyol sing menang spanyol 1-0.lumayan seru,nganti ana tendangan pinalti loro keduman kabeh tapi ya ora mlebu loroneng.pertama pinalti sing nendang wong paraguay marga pemaene di jagali ding gerad pikue nganti nggabrug,tapi sayang ora mlebu.tendangane esih bisa di waca ding kiper spanyol,piktor paldes.kaping pindone wong spanyol sing arane dapid pila di pancal ning arep gawang paraguay nganti ngglusur,'priiiittt..!!''wasit monikna sripitane nuding titik pinalti.sing keduman nendang alonso,mlebu tapi ora kanggo margane pemaen-pemaen liane anu durung apa-apa wis pada mlayu ngudag bal.di ulangi maning malah dadi ora mlebu pisan.Lah wis enggal tutug kira-kira kurang limalas menit dapid pila nglebokna anu bal mudal ora kecekel kiper paraguay.nganti lubaran skor ora obah 1-0 nggo spanyol.mengko spanyol ketemu jerman 'der panser' sing bar 'nglindes' tim 'tango' argentina 4-0,sadurunge inggris 'tri layen' ya di 'rendos' 4-1.[inggris maune'singa telu' saiki dadi 'singa majir'.esih mending nasibe tim inggris dari pada nasibe tim 'ayam jantan' prancis,malah dadi 'ayam sayur' ora lolos grup-grup acan,malah dadi kuncen] dadi spanyol wis di nteni jerman.kayane bakal rame mengko,pada apike.tapi angger ndeleng prestasi jerman ya luih mentereng.



Ning nggon liane,'de oranje' belanda ntas menang ning tim 'samba' brasil 2-1,uruguay ngalahna wakil aprika 'blek star' ghana,adu pinalti.dadi kabehan gari papat.belanda-uruguay karo jerman-spanyol.

Kira-kira sapa jawarane ya..di deleng bae bareng-bareng...

[sruput maning kue teh angete]
Baca selengkapnya »

Ngenteni bal-balan

Wengi saptu kie jagoane nyong ning piala dunia pan maen,jagoane nyong kue netherland atawa belanda 'De oranje' [jere ilate wong galuh timur mengkonon welanda] mengko jam sangahan bakal di adu karo brasil sing di juluki tim samba.angger ngutip ning koran olah raga 'total voetbal vs goyang samba',kayane bakal seru kyeh.


Pandahalta welanda kue durung tau juara ning kompetisi kie [piala dunya].tapi mbuh keprimen nyong bisa seneng karo tim welanda,awit mbiyen kuna lecit.jere wongta ya biasa-biasa bae,jere nyongta ya apik nemen apa maning angger ning arepe arjen robben,robin van persie karo dirk kuyt.tengahe wesley sneijder,rafael van der vart,[tapi kayane wengi kie si rafael ora maen]..wah wis jan mantep temenan 'total voetbal' bakal nguasani lapangan karo arep.

Buktikna bae..ampuhe total voetbal mengko..

Cikarang
--Djenar Abunetti--
Baca selengkapnya »

Tipi pekok

Keprimen sih ya kayong unggal awit lubar magrib nganti wengi unggal tipi swasta nyetele sinetron,kaya ora bisa gawe tongtonan liane.kalah pisan ana ya tongtonan sing nggawa acarane bencong...gawe jeleh,[koek coh] mengkaneng tipi wis olih tuku larang-larang.[ma'lum nyongta wong susah].niateta tuku tipi pengin hiburan nggo tamba kesel ari ntas macul,kena-kena nggo batir nginum teh sepet karo jaburane bodin godog sing ludrag ari ora ya tales belok atawa sluweg.



Tapi ora nyana,dongeta wong-wong sing mlebu tipi kue wong-wong sing kena di conto kelakuane.kayonge wong ning tipita bungah nemen dadi bencong,malah nggo ngasab.abong-abong sih nalare wong kota,pledang-pleding [petha ge ora,koek coh]sing penting dadi duit.
Dadi acarane ora sinetron ora gosip [mengkaneng harom hukume nongtoni gosip,jere MUI]ora musik isine mung bencong,..[amit-amit jabang gudel,koek coh] jan ora nana sing nggawa didikan apik.mending bae angger sing ndeleng wong pinter,dadi bisa nyaring ndi sing becik endi sing ala.lha saiki wis katon ning ndi-ndi akeh wong tiru-tiru kaya ning tipi,mbok di arani ora gaul [jere].ya mbuh nyong ge ora patia ngarti gaul kue apa.


Lah mbuh..tipi pekok...!! koek coh.!!

Ning Umah
--Djenar Abunetti--
Baca selengkapnya »

Mikir butuh apa butuh mikir?

Lagi njagong ngrungokna musik nggo tamba ampleng teka batir loro nyangking sagelas kopi karo rokok..terus akhireta ya kojah butuh.ya kue jerene batir-batir wongta kudu mikir butuh,dasareta iya wong kasab adoh-adoh mbuh tekang ndi bae ya sebabe butuh.mbuh apa bae cara nggoletine,ana sing halal ya ana sing harom.karepe dewek-dewek tanggung jawab ya dewek-dewek.

Lah kue angger emut karo sing gawe urip ya kuduneta mikir butuh sing halal.jaman saiki akehe ya sing ora emut,angger emuta alas jati kalipucung ora entek,angger emuta ora ana wong ngaku islam adol ciu,ora ana wong korup,ora ana pungli..lan lia-liane.

balik maning njok judul tulisan kie,mikir butuh apa butuh mikir? Loro-lorone kudu..! Mikir butuh ya sadurunge mesthine butuh mikir[perlu di pikir],kira-kira nggoleti butuh kiye halal apa harom..akehe ya mikir butuh thok,dadine padu bleng olih akeh ora urusan halal apa harom.dunya akhire dadi remeng-remeng,ora jelas...karuan mikir butuhta sapira-pira ge kurang...arane ge menusa,menus-menus isine duso sing ora krasa.

Cikarang
--Djenar Abunetti--
Baca selengkapnya »

Ngalap Gratise

Padahal inyong lagi keder karo setingan GPRS ning hape kiye,wis di utak atik ora dadi-dadi..gari setingane 'emtri' sing ora dadi.lianeta lancar kabeh,kaya ora pernah di apa-apakna.maunengta ya bisa kabeh nggo brosing,margane lagi minggu-minggu wingi ana jaringan sing nggejlug atawa 'down'..(ndean luwih pas)..inyong ora ngarti ndadak2 hape ora bisa nggo pesbukan,twiteran,ngeblog lan maca-maca berita,nganti sadina-dina.tapi inyong nyacak nggo kartu-kartu liane (kartu gaplekan,kartu remi nganti kartu tanda penduduk..hahaha) ora ana apa-apa,biasa bae koneksi lancar nggo apa bae.inyong dadi mikir apa ana sing salah pencet miki ndean waktu nggo emtri.inyong penasaran 'setingan' tek uthak-athik,ora dadi beres malah dadi ora karuan pisan..hahaha.dadi siki ari pengin nulis anu kaya kiye ndadak ganti kartu...sing nesih gratisane.

mumpung nesih gratis ya nesih tek nggo mengko ari ari gratisane entek ta ya nden ora bisa apa-apa palingge di buang..saikita wong tuku kartu perdana kaya wong tuku gorengan ora kaya jaman bengenyen nganti atusan ewu,angger nggo tuku saikita nden wes kena nggo dagang maning ndean.manengan ge sokan pada gonta ganti nomer anu murah pada ngalap gratisane.ndaftare ngawur ge ora apa-apa.ndaftare ya ora susah,jereneta kira ana datane (penyanane operator ndean karo pemerentah nggo ngurangi gerakeng teroris lan lia-liane) tapi genaheng operatore ge pengin kartune payu ya ndaftare ora angel nomer katepe sakentrang-kentrang ya ora ngaruh.(anu ora niat pengin ndata ndean).toli durung konek ndean karo data base ''kependudukan'' ning kabupaten mbuh ning kecamatan apa maning ning pusat..(pusat apa mbuh ora ngarti wakakakkakak)

Ning Umah
--Djenar Abunetti--
Baca selengkapnya »