Tamba Kangen

Sajege teka wis telung dina kie kerja kecipak-kecipik, blekak-blekuk margane udan terus, saliane atis ya tepak sikil nganti mengkirut kaya kulit jeruk, prithat prithut. Toli ya wis telung dina kie reang ora ngeblog, rasane kangen pengin nulis tapi bingung pan nulis apa sebabe pikiran junun mikiri pegawean, pesbukan ge rasane ya sungkan, ora betah. Saiki reang lagi nyambet gawe ning Telaga Bestari, Balaraja kota sakulone Jakarta. Kerjane karo Pi'in, Sopan lan lia-liane, {angger disebut kabeh ya ngko bloge nyong penuh ding arane wong Galuh Timur} melu mandor Kholiq.

Talaga Bestari, Balaraja.
--Djenar Abunetti--
Sent using a Sony Ericsson mobile phone

0 comments: