Ngenteni bal-balan

Wengi saptu kie jagoane nyong ning piala dunia pan maen,jagoane nyong kue netherland atawa belanda 'De oranje' [jere ilate wong galuh timur mengkonon welanda] mengko jam sangahan bakal di adu karo brasil sing di juluki tim samba.angger ngutip ning koran olah raga 'total voetbal vs goyang samba',kayane bakal seru kyeh.


Pandahalta welanda kue durung tau juara ning kompetisi kie [piala dunya].tapi mbuh keprimen nyong bisa seneng karo tim welanda,awit mbiyen kuna lecit.jere wongta ya biasa-biasa bae,jere nyongta ya apik nemen apa maning angger ning arepe arjen robben,robin van persie karo dirk kuyt.tengahe wesley sneijder,rafael van der vart,[tapi kayane wengi kie si rafael ora maen]..wah wis jan mantep temenan 'total voetbal' bakal nguasani lapangan karo arep.

Buktikna bae..ampuhe total voetbal mengko..

Cikarang
--Djenar Abunetti--