Keprimen sih ya kayong unggal awit lubar magrib nganti wengi unggal tipi swasta nyetele sinetron,kaya ora bisa gawe tongtonan liane.kalah pisan ana ya tongtonan sing nggawa acarane bencong...gawe jeleh,[koek coh] mengkaneng tipi wis olih tuku larang-larang.[ma'lum nyongta wong susah].niateta tuku tipi pengin hiburan nggo tamba kesel ari ntas macul,kena-kena nggo batir nginum teh sepet karo jaburane bodin godog sing ludrag ari ora ya tales belok atawa sluweg.
Tapi ora nyana,dongeta wong-wong sing mlebu tipi kue wong-wong sing kena di conto kelakuane.kayonge wong ning tipita bungah nemen dadi bencong,malah nggo ngasab.abong-abong sih nalare wong kota,pledang-pleding [petha ge ora,koek coh]sing penting dadi duit.
Dadi acarane ora sinetron ora gosip [mengkaneng harom hukume nongtoni gosip,jere MUI]ora musik isine mung bencong,..[amit-amit jabang gudel,koek coh] jan ora nana sing nggawa didikan apik.mending bae angger sing ndeleng wong pinter,dadi bisa nyaring ndi sing becik endi sing ala.lha saiki wis katon ning ndi-ndi akeh wong tiru-tiru kaya ning tipi,mbok di arani ora gaul [jere].ya mbuh nyong ge ora patia ngarti gaul kue apa.
Lah mbuh..tipi pekok...!! koek coh.!!
Ning Umah
--Djenar Abunetti--