Lagi njagong ngrungokna musik nggo tamba ampleng teka batir loro nyangking sagelas kopi karo rokok..terus akhireta ya kojah butuh.ya kue jerene batir-batir wongta kudu mikir butuh,dasareta iya wong kasab adoh-adoh mbuh tekang ndi bae ya sebabe butuh.mbuh apa bae cara nggoletine,ana sing halal ya ana sing harom.karepe dewek-dewek tanggung jawab ya dewek-dewek.
Lah kue angger emut karo sing gawe urip ya kuduneta mikir butuh sing halal.jaman saiki akehe ya sing ora emut,angger emuta alas jati kalipucung ora entek,angger emuta ora ana wong ngaku islam adol ciu,ora ana wong korup,ora ana pungli..lan lia-liane.
balik maning njok judul tulisan kie,mikir butuh apa butuh mikir? Loro-lorone kudu..! Mikir butuh ya sadurunge mesthine butuh mikir[perlu di pikir],kira-kira nggoleti butuh kiye halal apa harom..akehe ya mikir butuh thok,dadine padu bleng olih akeh ora urusan halal apa harom.dunya akhire dadi remeng-remeng,ora jelas...karuan mikir butuhta sapira-pira ge kurang...arane ge menusa,menus-menus isine duso sing ora krasa.
Cikarang
--Djenar Abunetti--