Kuli Karo Blogger

Kaya kiye ndean Obrolane kuli gaptek karo kuli blogger:
''Lagi ora betah angen-angene kosong,rasane bingung kaya wong ntas ngising ora cewok.pan ngobrol,ngobrol karo sapa? Batir-batir pada lembur'
'bisane ora lembur yon?' 'lah sungkan,dadi gelis gelis kesel gelis balik,lagi pengin sue ning jakarta' 'bisane yon?'
'ngenteni wong galuh timur pada kelalen' 'kelalen apa?'
'ya wingi nyong geger pan kawin,tapi ora sida' 'lha geneng ora sida? Kue keprimen ceritane yon?
'lah wis mana kerja,wis jam pitu,nyong pan ngeblog'
'ngeblog sih apa yon? Nggeblog-nggeblogna ndas?
'ndasmu sing sing tek geblogna? Meneh.. Maneng wong madan gaul,aja ngertine pacul thok'
'lha nyongta ora sekola,ya ora ngerti blog kue apa'
'kader nyong sekola? Ngeblogta ora kudu sekola,sing penting bisa nulis'
'lha tapi kan kudu due komputer,laptop atawa hape sing saregane bandot papat'
'jere sapa?
Kie nyong ngeblog nggo hape sing rongatus ewu perak,nggo tuku udud saminggu ge ntek'
'lah sing bener,sokan mbloak enteta'
'ora ngandel temen,dolanan internet kue ora kudu srawa larang,ora kudu wong kantoran,kuli bangunan ge bisa ari karepta,aja gumunanlah..' 'ya-ya..kapan-kapan di waraih yah? Inyong pengin ngetop kaya ente sumpah'
'ya kapan-kapan yah,wis mana kuli disit'

--Djenar Abunetti--
Sent using a Sony Ericsson mobile phone