Ngenteni Balbalan

[Mbari nyruput teh anget karo ngenyoh bodin godog]

Bar nonton bal-balan paraguay nglawan 'la puria roja' spanyol sing menang spanyol 1-0.lumayan seru,nganti ana tendangan pinalti loro keduman kabeh tapi ya ora mlebu loroneng.pertama pinalti sing nendang wong paraguay marga pemaene di jagali ding gerad pikue nganti nggabrug,tapi sayang ora mlebu.tendangane esih bisa di waca ding kiper spanyol,piktor paldes.kaping pindone wong spanyol sing arane dapid pila di pancal ning arep gawang paraguay nganti ngglusur,'priiiittt..!!''wasit monikna sripitane nuding titik pinalti.sing keduman nendang alonso,mlebu tapi ora kanggo margane pemaen-pemaen liane anu durung apa-apa wis pada mlayu ngudag bal.di ulangi maning malah dadi ora mlebu pisan.Lah wis enggal tutug kira-kira kurang limalas menit dapid pila nglebokna anu bal mudal ora kecekel kiper paraguay.nganti lubaran skor ora obah 1-0 nggo spanyol.mengko spanyol ketemu jerman 'der panser' sing bar 'nglindes' tim 'tango' argentina 4-0,sadurunge inggris 'tri layen' ya di 'rendos' 4-1.[inggris maune'singa telu' saiki dadi 'singa majir'.esih mending nasibe tim inggris dari pada nasibe tim 'ayam jantan' prancis,malah dadi 'ayam sayur' ora lolos grup-grup acan,malah dadi kuncen] dadi spanyol wis di nteni jerman.kayane bakal rame mengko,pada apike.tapi angger ndeleng prestasi jerman ya luih mentereng.



Ning nggon liane,'de oranje' belanda ntas menang ning tim 'samba' brasil 2-1,uruguay ngalahna wakil aprika 'blek star' ghana,adu pinalti.dadi kabehan gari papat.belanda-uruguay karo jerman-spanyol.

Kira-kira sapa jawarane ya..di deleng bae bareng-bareng...

[sruput maning kue teh angete]