Aja Begadang

[mbari mripis udud]

Asem..!! Wis jam 02:35 durung bisa turu,matane seger pikiran dadi mambrah2 ora nggenah.mulak-malik,njempling..tetep bae ora ngantuk2.weteng ya wis tek jejeli mi goreng rong wadah.mbokan sih latan ngantuk,malah pengin ndeleng tipi,udud,miskoli wong,nggleteni nomer cewe ora bener.wira wiri ana pesbuk patang akun,durung tuitere..lah wis pokoke ora nggenah..ngentekna pulsa ya duit.wong urip turu ge butuh modal apa maning melek.bener bae gusti alloh nei wengi nggo istirahat.kie nembe akibat ora bisa turu pirang jam tok [angger patokane jam 9 atawa jam 10 biasane wis turu,berati wis telat pirang jam?].angot pisan angger akibate wong kurang istirahat atawa turu nganti ndina wengi luih akeh akibate..salah sijine emosian,aliase ora kontrol,jengkelan.ning awak ya garing,alum.mulane kaji rhoma irama sing doyan mbojo nembang begadang aja begadang ari ora ana artine..

[liren ngetike,lagi kedhak-kedhik.kaya wong murug uler serit] 




[lanjut maning,mbari nyruput wedang adem].

jan anuneta ora nana sing pan di kandakena,wong nyong anu lagi ora bisa turu.sengaja nyong gawe blog nggo ari kaya kiye,nggo numplekna rasan2 mbuh sìng betah mbuh sing ora.yongan nyongta ora kepengin kaya wong2 sing ari ora bisa turu iseng2e ngintipi wong turu,wengi2 kenthang-kenthong manggul anda..[jan angen2e wong galuh timur ana ana bae,tau numbuki sapisan].






[dangdan lilinan sarung disit]

.kalahan adan awal kie mata kayong malah ngambani meleke,ngko dong subuh wis kelayah turu....dong tangi jam 7an ya mumet,..luruh butuh ya sungkan.





[mujung]..

lah tek merem2na bae kie mata,..wislah ari kojah,samene bae.