Mimpi

Seperti kemarin pagi,saya hanya akan melengkapi sarapan pagi ini denang coretan.tak ada yang baru,baik itu harinya maupun tanggal&bulanya..kita hanya mengulang hari2 kemarin,dengan 1 harapan dan 1 semangat untuk lebih baik dari hari kemarin.meski seringkali harapan2 itu tak terwujud..toh manusia memang bukan mahluk yang mudah menyerah,ia lebih tangguh dari terminator denang bahan bakar batrai 'nano teknologi'nya,meski manusia hanya punya mimpi..mimpi tentang menaklukan dunia,memenangkan permainan kartu poker nasib,melawan takdir.dengan bahan bakar mimpi-mimpi tersebut manusia mampu melewati hari2 hingga kini,hingga saya menuliskanya hingga anda membacanya.dan terkadang mimpi-mimpinya lebih kuat dari manusia itu sendiri.mimpi-mimpinya adalah benteng sekaligus senjata yang selalu siap untuk meledakan apapun yang menghalanginya untuk menciptakan mimpi-mimpi baru..lagi&lagi.karena kita lahir dari sebuah mimpi & mungkin kita akan mati karena mimpi.ayolah wujudkan mimpi-mimpimu,anda boleh mati tapi jangan matikan mimpimu..gbu.
--------------------------------------
Jakarta

--Djenar Abunetti-- 
Baca selengkapnya »

Ngalap Gratise

Padahal inyong lagi keder karo setingan GPRS ning hape kiye,wis di utak atik ora dadi-dadi..gari setingane 'emtri' sing ora dadi.lianeta lancar kabeh,kaya ora pernah di apa-apakna.maunengta ya bisa kabeh nggo brosing,margane lagi minggu-minggu wingi ana jaringan sing nggejlug atawa 'down'..(ndean luwih pas)..inyong ora ngarti ndadak2 hape ora bisa nggo pesbukan,twiteran,ngeblog lan maca-maca berita,nganti sadina-dina.tapi inyong nyacak nggo kartu-kartu liane (kartu gaplekan,kartu remi nganti kartu tanda penduduk..hahaha) ora ana apa-apa,biasa bae koneksi lancar nggo apa bae.inyong dadi mikir apa ana sing salah pencet miki ndean waktu nggo emtri.inyong penasaran 'setingan' tek uthak-athik,ora dadi beres malah dadi ora karuan pisan..hahaha.dadi siki ari pengin nulis anu kaya kiye ndadak ganti kartu...sing nesih gratisane.

mumpung nesih gratis ya nesih tek nggo mengko ari ari gratisane entek ta ya nden ora bisa apa-apa palingge di buang..saikita wong tuku kartu perdana kaya wong tuku gorengan ora kaya jaman bengenyen nganti atusan ewu,angger nggo tuku saikita nden wes kena nggo dagang maning ndean.manengan ge sokan pada gonta ganti nomer anu murah pada ngalap gratisane.ndaftare ngawur ge ora apa-apa.ndaftare ya ora susah,jereneta kira ana datane (penyanane operator ndean karo pemerentah nggo ngurangi gerakeng teroris lan lia-liane) tapi genaheng operatore ge pengin kartune payu ya ndaftare ora angel nomer katepe sakentrang-kentrang ya ora ngaruh.(anu ora niat pengin ndata ndean).toli durung konek ndean karo data base ''kependudukan'' ning kabupaten mbuh ning kecamatan apa maning ning pusat..(pusat apa mbuh ora ngarti wakakakkakak)

Ning Umah
--Djenar Abunetti--
Baca selengkapnya »

koek coh

Aja mikir sing ora-ora (jere man bule'negative thinking') angger maca judul ning duwur,nyong ora lagi ngidoih,apa maning ngriaki raimu..koek coh kue 'kategori' tulisan ning bloge nyong,sing bakal tek isi tulisan nggo basa 'nasional'e wong galuh timur..manengan tek wei 'kategori' KOEK COH soale anu basa jawa 'KOEK','COH' kue sametune..dadi 'koek coh' jan sametune temenanan,ora nana saringane..(sadawaneng ora nyinggung perasaane wong lan 'SARA'),ora usah watir,maksude sametune kue ya sametune apa sing lagi dadi bahan pikirane nyong..katone lan krunguneta iya kasar nemen.pandahal ya ora kaya kue,angger ngutip paribasane bocah-bocah nom-nomanta kira-kira kaya kiye 'tampang preman hati malaikat' kira-kira kaya kuwe nyong pengin gawe tulisan sing nggo basa 'koek' atawa 'ngoko'..tapi 'muatan'e apik kanggo dewek lan kanggo sing maca (kepengine soten,toli ari bisa kuwe ge).dadi 'kasar di luar lembut di dalam'..hahahaha..pancen durung akeh tulisane,nembe mbuh ana pira.ari penasaran Monggo di eling-eling djenarabunetti.blogspot.com
golet ning gogel (google) ya kena..sing penting aja di goleti ning angkruk,wis jelas ning konota anane warung bakso,pecel lele (pecel wong ana ora ya? Buakakakak...),warung pulsa,warung bengsin..lan lia-liane..wis pada ngarti dewek ikih.toli mbuh lagi keprimen nyong koh lagi seneng nyatet daripada 'nyetat' rasane wis madan bosen..maning-maning adu cangkem alias kudon.mbuh apa sing di kudonena.(mending bae angger adu cangkem ning 'darat'a..buakakakakak).ndean wis wayaeh 'turun panggung' sing 'jagad perpesbukan'...ra krasa wis bedug ya..wayaeh liren..gepukanta mengko gampang,sing penting madang disit,mengko karo ngulur beyekan tek lanjut nge'note'e..bye bye..(mele)...hahahahaha.
Baca selengkapnya »

Ngopi Thok

Esuk esuk ngopi thok ora ana batire,ma'lum pan tuku sega atawa lia-liane ora due duit.kuate mung tuku kopi sing sewu perak,kerja tapi ora dwe duit..aneh,ndean ning pikirane wong-wongta,malah kadang di arani ndopok atawa mbloak sageden-geden.tapi ya genah kaya kue uripe nyongta,katone thok kepenak..jere wong tua mengkonon wong uripta 'sawang sinawang' ndean angger di artikna sakarepe (terjemahan bebas :-D ) artine 'pandang pandangan' atawa deleng-delengan..rika ndeleng nyong kayong kepenak,pada bae sewalike nyong ya ndeleng rika ya pengin kaya rika.kaya kue ndean artine kurang luwih (ari kurang sog di tambaih,ari luih ya sog di pangan ari doyanta...buakakakakak..).
kaya sing wis-wis nyongta anu lagi rerasan angger basa saikine 'ndean' 'curhat',pangampurane bae angger apa-apa nyongta kur bisa ngomong 'ndean',apa-apa ora bisa mastikena.ya ora adoh karo uripe nyong sing ora pasti...hahahaha.(kur sing pasti nyong nesih pengin urip sue,pengin sugih,pengin due bojo ayu...buakakakak) amin..amin owh....ya kue angger sing melu ngucap amin karo ndoangakna nyong bakal tek doakna maning,soale angger janji nei pulsa nyong bakal tekor..hahaha.toli nyong miki maca tulisan ning buri bis kota 'tiada kata indah selain doa'.toli jere wong alim angger wong ora gelem ndo'a kue bisa di arani wong sombong..penyanane mampu nglakoni apa bae tanpa welas asihe gusti Allah.ya mulane ayuh pada bareng-bareng merek karo gusti Allah,nyuwun pangampurane..sisan karo ndoakena nyong kira uripe berkah,sugih,dwe bojo ayu,pinter ngasab..hahahaha..(kira nyong ora patia suker nggolet dwite,rumasa ora pinter ngasab...buakakakak..)...yah..dasar pelang peleng,judule 'ngopi' malah dadi ngobrolna wong ayu..(ya ngalor ngidul ge nden sing kaya kue owh sing di goleti.? hahahaha)..aja goroh,atawa jere wong gaulta 'jangan muna deh'..lanang wadon ge pada bae,wadon ya pengin sing gagah toli sugih,lanang ya pengin sing ayu,sugih...hahahaha.sing jelasta anu nyong lagi 'enek' durung bayaran utange numpuk,dadi ngrompyang.
Baca selengkapnya »

Enek...!!!!

di ambil dari note sehari2 gw....gw cuma mau nyoba pake fasilitas note yang nganggur ini wat corat coret gak jelas kali aja coretan gw bikin orang muntah kan lumayan tuh muntahan hahhahahahhah.....jorok!!!! yarin dah bodo amad lagian ngapain juga situ baca baca ???? gw gak nyuruh kok...gw cuma mau nganjurin lw baca kitab masing2 agama kalian aja...sok alim gw!!! hahhahahha...kesel kesel dah lw...muntah muntah dah lw..heran juga kalo ada orang yang sempet2nya baca yang beginian??? apa gak sayang tuh waktu??? apa gak sayang tuh pulsa??? set dah....Djenar lw lagi ngapain seh ngomel2 di sini???? hah.....!!! kan dah gw bilang gw gi nyoba fasilitas nganggur....dari pada mondar mandir dari stat ke stat yang lain...kayak orang stress,koment gak mutu di stat yang gak mutu pula...gw makin bego aja...!!!...HAH...! Djenar....!!!!...hitung aja berapa jam yang udah lw abisin buat ckakakan ama ckikikikan gak jelas....???.lw pikir emang manusia idup cuma buat ckakakan doang?? ayoo donk.....bangun bangun !!!! sadar....kita ni cuma idup di dunia yang itunganya cuma tahun .......pake waktu lw yg cuma beberapa tahun ini buat yang lebih berguna...paling gak buat diri lw sendiri...sukur2 berguna bagi orang lain... dunia emang aneh..sekarang orang lebih suka ngutang hape sekian ribu dari pada ngutang beras sekian kilo...manusia udah gak doyan beras kliatanya..manusia lebih suka makan benda aneh yang namanya henpon,blekberi..atau apalah namanya...yang jelas kucing aja gak doyan ama tuh barang... ayolah...realistis donk...ngapain seh kita cuma ngobrol ampe mulut berbusa...ngetik sampe jempol kriting mata ampe juling....cobalah renungkan Djenar....!!!!! ada hal yang lebih bermanfaat dari semua itu....
 ----------------------------------------
Jakarta

--Djenar Abunetti--
Baca selengkapnya »

sing wis ya wis

wingi batire inyong telpon jere pan dolan mene,tek enteni nganti wayah bedug ora nongol..inyong dadi penasaran.bareng sore tek telpon jere lagi kerokan..sumeng.ndean anu keseringen udan-udanan...toli minggu kie lagi ora bayaran....kur pinjeman tok..lah apes.padahalta nyong wis ngarep-ngarep nemen,ma'lum wis lawas ora ketemu..anu akrab awit cilik sokan dolanan kali kidul karo kali dakum.(sikita wes ora kena nggo jebur-jeburan kaline) isine tembelek wong hahhahha..ari ketiga nglathakta angot pisan,ambune tok ge wis mentek wareg...buakakakkaa....mending ari mangsan udanta...pada keli...yah kue sethitihik cerita nyong lagi cilik...anu ora sekola ya gunane dolanan kali..pathak-pathakan nggo lempung,memet iwak,melu mancing (anu ora pinter mancing ya kur dadi tukang nggawa blendis thok..kiwar kiwir...hahhahahhaha) balik umah awake busik rambute kaku ya abang,......dadi nganti siki inyong karo batir ya tetep akrab...mulane ngarep-arep nemen...terus jere minggu kie balik kampung,sida mbuh belih durung telpon atawa esemes.

iya nyong saiki krasa,lagi cilikta unggal dina bisa klendangan bareng karo sapa bae...wis tuata ketemu thok ge angel..wis pada mikir butuh dewek-dewek,ora kober dolan.mikir keluarga (anak bojo) nyongta ya ora...hahahhhaha.wongta angger kemutan masa sing wis-wis ndasar betah..mulane akeh wong sing pengin balik nom maning njok saumuran bocah..jere wong bijak "'tempat terjauh adalah masa lalu" dadi sapa bae ge ora bakal bisa balik maning senajane sadetik... soale waktu-waktu samono kue lagi betah-betahe dolan..ora mikir apa-apa..idepe dolan balik madang dolan maning..kadang-kadang nganti di gleteni...kon balik madang disit karo adus (nganti saiki kebiasaan sungkan aduse nesih..ari kon madangta kosih gagiyanan....hahahhahaha)..''ari wis madangta age dolan maning'' kue sing sokan di omongna mane inyong.

owh iya inyong pan nerusna kojahan miki sing jere wong bijak "tempat terjauh adalah masa lalu" toli ana maning sing sokan nongol ning state batir-batir sing bijak,jere batire inyong ''masa lalu adalah kenangan,masa kini adalah anugrah,esok adalah misteri'' lah inyong ge aneta ora patia paham ning anu kaya kue..mbuh sakiten nyong bodo nemen...mulane nyong pengin tek kojahna ning kene mbok ana sing luwih ngarti ya mbarah inyong di tuturi..aja pan pinter dewekan..hahahhaha...jere penalarane inyongta basa-basa wong bijak kue sing ning duwur mau ya apik nemen tujuane,..(madan kangelan kayong nulis nggo basane dewek,apa sakiten sungkanan ya?? hahahha..) ringkesan bae,ndean ora adoh karo maksude wong tua sing sokan ngomong ''sing wis ya wis,ora usah di kemutani'' betah mbuh ora betah yongan genah wis ora bakal balik maning..gari mikir ngarepe..mulane gusti alloh ndelah mata ning arep kue tandane kon kue kudu akeh ndeleng wayah sing bakal teka jere wong kota mengkonon ''masa depan''..ya anu akeh wong bijak dadi tek sambung-sambungna mbuh nyambung mbuh belih ya ora urusan...sing pentingta kan napsirnane apik (apik jere dewek..hahahha)
Baca selengkapnya »

man satpam

lah mbuh pan nulis apa nyong dewek ora ngerti,ari ora pengin maca ya ora usah di waca..gampangan bae anu ora penting ikih..toli nesih akeh sing luih penting dari pada macani anu kaya kiye.inyongta wong lagi koleng,kurang pegawean dadi orat oret kaya kiye...malum bae arane ge wong koleng....hahhaah.toli penyanane sih keprimen..?? kerajinan nemen angger ana wong macani anu kaya kiye..maunengta nyong niate pan kojah terus tek delah ning blog,etung etung mbesuk kena nggo wacahan anak putu..ari nyong kawin maning soten terus due anak..(pengine) amin owh...aja kur nyengir tok ora pan di jaluki bayaran ikih..hahahhaha...

kieta tek sidakna nyong pan kojah..wingi lagi nyong nongkrong nongkrong karo bocah pang (punk),pengamen,asongan lan lia liane..komplit pokoke..kumpulane wong susah. ning blok em ndadak ndadak bocahane tukaran karo man satpam sing nunggoni ning kono..nyong krasa ora penak dadi lunga,padahalta lagi betah ngrungokna bocah gendoakan mbari udud bareng.nyong dewek ora ngarti,bisane nyong dadi seneng karo bocah kaya kue.sing angger jere wong sugihta wong sing masa depane pada ora jelas,jere wong pinter wong sing nyia2kena waktu..lah jere nyongta ya karep2e urip dewek dewek ikih nasibta.sapa nyana mbesuk bocah kue luih sugih luih pinter.geneng ning galuh timur ge akeh bocah 'pang' sing pinter2.bocah kaya kue ge ndue pikiran dadi ora usah di mayori...nyongta kur ngrasa senasib tok pada pada wong susah,ora pan melu 'pang pangan' nyongta wong lagi nggolet pangan..hahahhaa..dadi rasane ya betah batiran karo wong senasibta..jere wong pinterta ana ''ikatan emosi" ya mbuh bener mbuh belih kuege anu asal nurun..nesih jere wong pinter ya alim..'al ilmu nurun' ilmu kue kudu nurun...hahhahahah...koleng ndasar...

ya nyongta wong kojah tok ora ana niat apa2 rasane betah bae kojah dewek langka sing ngrungokna ge..dadi cerita sateruse mau bocah pada kudon karo man satpam margane ora olih turu ning tundagan mol (tangga mall) bocah2 kue aneta ya nurut mauneta tapi ya kaya wong umume,wongta kadang salah ge pengineta di tuturi nggo cara sing apik-apik...maning2 jere wong pinter kyeta ''cara ikut menentukan hasil'..nyong ge aneta pinter..(pinter nyontek atawa ngutip)..hahahhaha...dadi carane man satpam kue mau kurang kepenak ning kupinge bocah2 margakena bocah2 pada nglawan...ya nden toli wis gawanane wong nom ora ning galuh timur ora ning jakarta ya pada bae..pengine kalir kalir pada gelut..mengko maning..medang disit owh..

Radio Dalam, Jakarta
--Djenar Abunetti--
Baca selengkapnya »

Cengeng

Pagi,gw buka mata setelah semaleman gw susah tidur.rasanya gw pengen nerusin molor,kalo gw gak butuh duit ato gak takut kena omel ama yang punya rumah mungkin gw masih asik lari2 di kejar  anjing dalam mimpi.yoi..seperti itulah hidup gw gak jauh beda dari mimpi buruk atao mungkin hidup gw cuma mimpi buruk bagi gw sendiri maupun bagi orang-orang di sekitar gw? gw ndiri gak tau.gw emang bukan pria yang tangguh,gw pria yang manja&cengeng dalam ngjalanin hidup,jadi wajarlah pagi-pagi udah 'nangis-nangis' di blog hehehe.gw juga gak bakal nampilin sesuatu biar keliatan tangguh ato tegar.gw cuma mau nampilin gw apa adanya,cengeng ya cengeng,manja ya manja.gw juga gak pengen jadi 'hero' apalagi sok 'hero' bagi diri sendiri apalagi buat orang lain.meski gw juga gak bangga jadi 'zero',toh hidup memang harus naik turun..meski gw ragu kalo nasib itu 'berputar'.gak wajib di yakini gak wajib pula di ingkari.jadi kenapa gw ama lw mesti repot?
kelihatan tangguh mungkin sesuatu yg mbanggain.dan kelihatan cengeng bukan sesuatu yang malu-maluin.kalo kita malu di bilang cengeng ya itu karena kita memang cengeng..jadi lw boleh merasa bangga di bilang tangguh,tapi apa bener lw sndiri merasa tangguh? Gak usah di jawab...hehehe.asal lw masih mau ngjalanin idup apapun kondisi hati&pikiranmu...lw bisa di bilang emang tangguh.karena menurut gw cuma orang yang bunuh diri aja yg bisa di bilang cengeng.
------------------------------------
Radio Dalam, Jakarta.


New Windows 7: Find the right PC for you. Learn more.
Baca selengkapnya »