man satpam

lah mbuh pan nulis apa nyong dewek ora ngerti,ari ora pengin maca ya ora usah di waca..gampangan bae anu ora penting ikih..toli nesih akeh sing luih penting dari pada macani anu kaya kiye.inyongta wong lagi koleng,kurang pegawean dadi orat oret kaya kiye...malum bae arane ge wong koleng....hahhaah.toli penyanane sih keprimen..?? kerajinan nemen angger ana wong macani anu kaya kiye..maunengta nyong niate pan kojah terus tek delah ning blog,etung etung mbesuk kena nggo wacahan anak putu..ari nyong kawin maning soten terus due anak..(pengine) amin owh...aja kur nyengir tok ora pan di jaluki bayaran ikih..hahahhaha...

kieta tek sidakna nyong pan kojah..wingi lagi nyong nongkrong nongkrong karo bocah pang (punk),pengamen,asongan lan lia liane..komplit pokoke..kumpulane wong susah. ning blok em ndadak ndadak bocahane tukaran karo man satpam sing nunggoni ning kono..nyong krasa ora penak dadi lunga,padahalta lagi betah ngrungokna bocah gendoakan mbari udud bareng.nyong dewek ora ngarti,bisane nyong dadi seneng karo bocah kaya kue.sing angger jere wong sugihta wong sing masa depane pada ora jelas,jere wong pinter wong sing nyia2kena waktu..lah jere nyongta ya karep2e urip dewek dewek ikih nasibta.sapa nyana mbesuk bocah kue luih sugih luih pinter.geneng ning galuh timur ge akeh bocah 'pang' sing pinter2.bocah kaya kue ge ndue pikiran dadi ora usah di mayori...nyongta kur ngrasa senasib tok pada pada wong susah,ora pan melu 'pang pangan' nyongta wong lagi nggolet pangan..hahahhaa..dadi rasane ya betah batiran karo wong senasibta..jere wong pinterta ana ''ikatan emosi" ya mbuh bener mbuh belih kuege anu asal nurun..nesih jere wong pinter ya alim..'al ilmu nurun' ilmu kue kudu nurun...hahhahahah...koleng ndasar...

ya nyongta wong kojah tok ora ana niat apa2 rasane betah bae kojah dewek langka sing ngrungokna ge..dadi cerita sateruse mau bocah pada kudon karo man satpam margane ora olih turu ning tundagan mol (tangga mall) bocah2 kue aneta ya nurut mauneta tapi ya kaya wong umume,wongta kadang salah ge pengineta di tuturi nggo cara sing apik-apik...maning2 jere wong pinter kyeta ''cara ikut menentukan hasil'..nyong ge aneta pinter..(pinter nyontek atawa ngutip)..hahahhaha...dadi carane man satpam kue mau kurang kepenak ning kupinge bocah2 margakena bocah2 pada nglawan...ya nden toli wis gawanane wong nom ora ning galuh timur ora ning jakarta ya pada bae..pengine kalir kalir pada gelut..mengko maning..medang disit owh..

Radio Dalam, Jakarta
--Djenar Abunetti--