Ngopi Thok
Esuk esuk ngopi thok ora ana batire,ma'lum pan tuku sega atawa lia-liane ora due duit.kuate mung tuku kopi sing sewu perak,kerja tapi ora dwe duit..aneh,ndean ning pikirane wong-wongta,malah kadang di arani ndopok atawa mbloak sageden-geden.tapi ya genah kaya kue uripe nyongta,katone thok kepenak..jere wong tua mengkonon wong uripta 'sawang sinawang' ndean angger di artikna sakarepe (terjemahan bebas :-D ) artine 'pandang pandangan' atawa deleng-delengan..rika ndeleng nyong kayong kepenak,pada bae sewalike nyong ya ndeleng rika ya pengin kaya rika.kaya kue ndean artine kurang luwih (ari kurang sog di tambaih,ari luih ya sog di pangan ari doyanta...buakakakakak..).kaya sing wis-wis nyongta anu lagi rerasan angger basa saikine 'ndean' 'curhat',pangampurane bae angger apa-apa nyongta kur bisa ngomong 'ndean',apa-apa ora bisa mastikena.ya ora adoh karo uripe nyong sing ora pasti...hahahaha.(kur sing pasti nyong nesih pengin urip sue,pengin sugih,pengin due bojo ayu...buakakakak) amin..amin owh....ya kue angger sing melu ngucap amin karo ndoangakna nyong bakal tek doakna maning,soale angger janji nei pulsa nyong bakal tekor..hahaha.toli nyong miki maca tulisan ning buri bis kota 'tiada kata indah selain doa'.toli jere wong alim angger wong ora gelem ndo'a kue bisa di arani wong sombong..penyanane mampu nglakoni apa bae tanpa welas asihe gusti Allah.ya mulane ayuh pada bareng-bareng merek karo gusti Allah,nyuwun pangampurane..sisan karo ndoakena nyong kira uripe berkah,sugih,dwe bojo ayu,pinter ngasab..hahahaha..(kira nyong ora patia suker nggolet dwite,rumasa ora pinter ngasab...buakakakak..)...yah..dasar pelang peleng,judule 'ngopi' malah dadi ngobrolna wong ayu..(ya ngalor ngidul ge nden sing kaya kue owh sing di goleti.? hahahaha)..aja goroh,atawa jere wong gaulta 'jangan muna deh'..lanang wadon ge pada bae,wadon ya pengin sing gagah toli sugih,lanang ya pengin sing ayu,sugih...hahahaha.sing jelasta anu nyong lagi 'enek' durung bayaran utange numpuk,dadi ngrompyang.