Terbang Kencerku

...Dug-dug bleng..dug-dug beleng..suara terbang kencer krungu wengi kie,aban-abane sing sabrang kulon...dadi kemutan lagi cilik bengenyen sunatan di tanggapna terbang kencer sing waktu semono di pingpin kaji hamsi..

Sayang...terbang kencer kue langka sing nerusna..[ama budaya sendiri koq gengsi?] padahalta kue budaya asli galuh timur,..warisan leluhur..sing isine pesen ngejak maring kebecikan [pesan moral]..bocah ala mengko ya senenge notoki bedug inggris, ana punk, underground, metalik klinik, edge, noise, trash, grunge, hard core, grind core lan lia-liane...sing pada bae gendoakane toli ora jelas tujuane..

Ya karuan,aneta pada bae seni jere..ya seni sih seni,kuduneta ya di deleng,di pikir kira-kira akeh becike apa alane..lan manpaate kanggo awake dewek..sing akeh ya padu melu-melu,awak di gambari ora nggenah..jerene 'aja ndeleng wong sing penampilane'..ya aneta bener,mung ning desata durung bisa nrima,soale durung wayahe..anu kaya kue di anggep maju..korban kemajuanta nden iya..angger maen musike bisa entresta ya kena di aran maju..anu kur melu melu jere kreatip..kweta arane mbajak ora keiyaha..hasil pikirane wong lia..