Mbloak

Cerita nyong lagi esih nom atawa bujang tanggung,ya umur 16an taun ndean.tempat kue mung brug atawa jembatan kali belang.ning kono kwe panggonane bocah tanggung sing lagi baleg2e ya bangor2e..[penyanane dewek soten],ya palingan mung blajar udud,nyolong dawegan,mbengkok ayam,.pokoke 'mrusa' nongkrong2 ora jelas [pengangguran mengkonon,pan kerja durung wayah,pan sekola ya ora due modal]..

Angot pisan angger wulan puasa,ning kene unggal sore rame,bocahan lanang wadon..ngumpul.jereta ngenteni wayah buka,padahalta ya sadurunge mangkat ge wis madang..trus ning kono ya paling andon udud karo dolanan mercon nggolet perhatian ['caper' istilah jaman semono]..

Nesìh kojah wulan puasa keh,angger esuk2 bar kuliah subuh ya pada bae lanang wadon pating klayab ngalor ngidul ngetung bantalan gili sepur..mbuh anu apa.[angger di pikir saiki soten] bengenyenta ya betah bae rasane,padahalta ora due duit..petitha petithi tok,gagahan men..rumasane wong paling gagah jere dewek..hehe.